Minggu, 18 Januari 2015

Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati

Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati. Meniko urut- urutanipun
1. Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng- senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha – padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha – padha.
10. Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pucung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
mugi - mugi saget migunani... nuwun

Related Posts:

  • Crito lucu kangge panglipur sakwetawis.... .Petruk, Gareng, Bagong dolan ning Suroboyo arep tilik Semar sing lagi lara. Wong 3 kuwi nginep ning Hotel sing paling apik lan sing paling dhuwur dewe ning kuto Suroboyo, ning kamar tingkat 45. Awan nganti mbengi wong 3… Read More
  • WONG JOWO OJO ILANG JOWONE.APA sebenarnya kekayaan orang Jawa? Rukun dan urmat! Rukun terhadap dirinya sendiri, dan rukun terhadap orang lain. Hormat terhadap diri sendiri, dan terhadap orang lain. Rukun terhadap diri sendiri diartikan sebagai tahu dir… Read More
  • Meme Gabah / Menjemur Padi Meme Gabah 2015 neng indonesia Mongso Panen Wong Indonesia sampun dugi, sak wise tandur, matun, lan ngrabok, poro dulur tani sampun panen, alhamdulillah parine lemu-lemu, ora dipangan wereng.. atine do bungah senadyan pana… Read More
  • Miss New Caledonia putrine Pak Darman Emmanuelle Darman Iki Miss New Caledonia putrine Pak Darman sing isih keturunan Jawa, yen ora nganggo jeneng Jawa ya ora ngiro yen ketunan Jawa. Masio luwih memper rupa lan dedeg Perancis ning Jarene luwih sreg yen da… Read More
  • Jeneng Deso Ojo Di Ganti Jenenge Pak Pemerintah Arie Grobbee : Nama nama Pedukuhan sebenarnya sangat disayangkan kalau dihilangkan. Klo kita perhatikan Kartu Identitas kita, sudah tidak ada lagi nama Pedukuhannya, seperti saya tinggal di Pedukuhan Kuncen tertulisn… Read More

0 komentar: