Minggu, 18 Januari 2015

Panglipur sak wetawis (Mini Market)

MINI MARKET
Wonokairun lagi blonjo ono minimarket cedhak omahe. Sing dituku daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas arep mbayar, Wonokairun ditakoni karo kasire.
"Mbah, yen sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno yen sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir yen pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali,kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk nang omah njur mbalik karo nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh karo Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir yen tibake pakan asu iki sampeyan krokoti dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih maneh njur mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun terus mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggirane dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan arep tuku pakane ulo yo ? " jare Bunali. "Iki isine dhudhuk ulo.
Cobo tanganmu lebokno kene yen kepingin ngerasakne.
"Wis to tak jamin ora bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali mondo wedhi, tapi sakbare dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno nang bolongane kerdus.
Jebul njerone onok gembuk- gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih ora huenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan,
"jangkrik ki, ancene wong dhobhol, lha kok sampeyan kongkon aku ndhemok telek(tai)."
"Nah saiki, oleh kan aku tuku tisu kamar mandi ?wong aku wes gowo buktine." jare Wonokairon


Liyane

Related Posts:

  • Meme Gabah / Menjemur Padi Meme Gabah 2015 neng indonesia Mongso Panen Wong Indonesia sampun dugi, sak wise tandur, matun, lan ngrabok, poro dulur tani sampun panen, alhamdulillah parine lemu-lemu, ora dipangan wereng.. atine do bungah senadyan pana… Read More
  • Budaya Jawa Indonesia lan Suriname bocah cilik jowo suriname lan indonesia taseh nguri-uri kabudayan jowo Ajar budhaya Jawa wiwit cilik Wong Jawa aja nganti lali karo kabudhayane, masio saki wis adoh saka tanah leluhure, luwih-luwih kang isih manggon ana… Read More
  • Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning patiUrut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati. Meniko urut- urutanipun 1. Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung ka… Read More
  • Wong JowoAku nggumun, dulur sing ono monco negoro wae isih gelem ngugemi lan angleluri tata krama lan budayane asal usule kaki lan nini moyange jawa. Lha kok sing lahir lan dadi wong jawa saiki, malah ora karep angleluri.....kuwi r… Read More
  • Basa Jawa wis sumrambah menyang monco negoroBasa Jawa wis sumrambah menyang monco negoro lantaran akehe wong jawa sing dadi imigran krono amergo magawe, kusunyatan kasebut dijelentreh wong jawa sing sumebar ono sing : dadi warga negara Suraname(Amerika Selatan), Cal… Read More

0 komentar: