Sabtu, 17 Januari 2015

Crito lucu kangge panglipur sakwetawis....

.Petruk, Gareng, Bagong dolan ning Suroboyo arep tilik Semar sing lagi lara. Wong 3 kuwi nginep ning Hotel sing paling apik lan sing paling dhuwur dewe ning kuto Suroboyo, ning kamar tingkat 45. Awan nganti mbengi wong 3 mau dolan2 muter2 nang mall banjur pas balik ning hotel tekan lobi ndilalah listrike mati, dadine kudu lewat tangga. Nah ben ora kroso kesel olehe munggah tangga, wong 3 diskusi bagi2 tugas. Seko tingkat 1-15 Petruk kudu crito sing lucu2, terus seko tingkat 16-30 Gareng kudu crito sing medeni-medeni. Seko tingkat 31-45 Bagong kudu crito sing sedih2.
Wong 3 mau mulai munggah , Petruk mulai crito sing lucu2. Wong 3 ngguyu2 ngakak2 nganti ora kroso wis tekan tingkat 15. Banjur Gareng crito sing medeni2 marai tegang, ngerti2 wong 3 wis tekan tingkat 30.
Lha saiki giliran Bagong kudu crito,
Bagong (ekspresi ne sedih): “Dulur kabeh, Iki asli critane sedih buangetz ......aku sakjane kawit mau arep crito, tapi wedi nek marai jengkel awakmu kabeh...., "
Petruk : “Gong...gong...Crito wae cepet rapopo ki wis meh tingkat 40.....”
Bagong : “ngene lho.......kunci kamare dewe ki ketinggalan ning mobil.....??? '
Gareng : “Bagoooooong.....lha opo gak crito ketmau...?? “
Bagong : 'lha aku durung entuk giliran crito.. !!!
Petruk lan Gareng : @#$%&@........gubrakkk



Liyane 

Related Posts:

  • Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa Soko FB,iki ono crito enek sek Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa,mangkene critane, Arie Grobbee : Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Su… Read More
  • Panglipur sak wetawis (Mini Market)MINI MARKET Wonokairun lagi blonjo ono minimarket cedhak omahe. Sing dituku daging kalengan gawe pakane kucing. Pas arep mbayar, Wonokairun ditakoni karo kasire. "Mbah, yen sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan ku… Read More
  • MijilPAMBUKO KUNCI 7 PAWELING 3 MIJIL SOWAN ROMO:Nyuwon edi pangestu,GUSTI NGEMPALAKEN sdulur4,SEDULURKU KANG ONO bang wetan ingkang nggadai sifat MuTMAINAH JENENG siro manjingo ono ING jiwo RAGA ingsun kanthi tentrem sejatine … Read More
  • Wong JowoAku nggumun, dulur sing ono monco negoro wae isih gelem ngugemi lan angleluri tata krama lan budayane asal usule kaki lan nini moyange jawa. Lha kok sing lahir lan dadi wong jawa saiki, malah ora karep angleluri.....kuwi r… Read More
  • Gara-gara duwe mantu kemplo ( panglipur sakwetawis ) Jenenge asli Joko Lelono, ning luwih dikenal Joko Kemplo, pancen wonge rada kemplo senengane gledisan aja maneh karo kanca-kancane lha wong morotuane dewe wae ya sering digawe keki merga pokal gawene. Bengi kuwi morotuan… Read More

0 komentar: