Sabtu, 24 Januari 2015

OJO MATENI KARAKTER

Maman, professor pinter sing berhasil nyiptakne robot canggih sing biso mendeteksi kebohongan sing diucapke manungso. Si Robot arep nampar/nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur/bohong. Saking bungahe, Profesor Maman mamerke hasil cipta’ane marang bojo lan anake. Maman nunggu anake mulih mergo arep dipameri Robot pinter mau.
Tapi ditunggu suwe anake ora teko teko. Bareng wis teko ditakone karo Prof. Maman. “Didik, soko ngendi kowe? Kok wis bengi nembe mulih” Maman takon marang anake. “Wonten pelajaran tambahan, pak” jawab Didik setengah gugup. “PLAK” si Robot nampar pipine Didik sampek memar.
“Didik, iki Robot cipta’ane bapakmu, Robot iki arep nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur! Saiki ngomong sing jujur, kenopo kok kowe mulih telat??””
“Ampun pak…kulo wau nonton film dateng daleme rencang”
“Film opo?”
“Film komedi”. *PLAKK**….
“Ayo ngomong sing jujur, nonton film opo?” bentak Maman karo roso jengkel.
“Anu pak…film porno”. Jawab Didik karo nahan roso keweden.
Krungu jawabane Didik, Maman langsung ngamuk lan ngomel ngomel ora karo karuan, tur motone mlotot karo ngomong:
“Kowe iki isih bocah neng kelakuanmu wis ora genah!. Yen wis gede kowe arep dadi opo? Kurang ajar tenan kowe ki….ngisin ngisinke wong tuwo”. Bapakmu waktu seumurmu biyen ora nakal koyo kowe”.
*PLAK* Maman sang professor ditampar keras banget karo Robot cipta’ane dewe.
Njur suosono omah dadi hening sakwentoro.
Istri Maman, krungu ono ribut ribut langsung metu soko kamar njur ngomong: “Bapak iki piye tho??? Podo wae klakuane koyo anake! Buah apel ora adoh ceblok soko wite kan? Eling pak, masiyo Didik kelakuane koyo iki, tetap dia iku darah daging bapak, dadi……..
*PLAK* Si Robot pinter nampar istri Maman keras buaaanget, sampai bu Maman keloro loro. “Iki piye tho… Kok aku melu ditampar?” Langsung wae suasono omah dadi heniiiiiiing heniiiiiing buanget!
(BERHUBUNG SUASONONE HENING…SEPI…SUNYI, DADI CERITONO MANDEG SAWENTORO, MELU BELO SUNGKOWO KELUARGONE PROF MAMAN. SESOK DILANJUTKE MANEH/BERSAMBUNG)

Related Posts:

  • SI MBAH PUTRI NUMPAK BECAK becak suriname-indonesia Ceritane mbah putri bar blonjo néng pasar, mulihe pengin numpak becak, nyang2an ongkos karo tukang becak'e.Si mbah: "pak terke kulo wangsul, 5.000,- purun nggih ?".Tukang becak : "oh déréng saget, … Read More
  • boso jowoBasa Jawa iku akèh banget carapituturané. ana dhialèk singdidasarké tlatahé lan ora sekabèhédhialèk Jawa dimangarteni déningkabeh wong Jawa. Dhialek-dhialek kuwi miturut ahlibasa Walanda E.M. Uhlenbeck ingbukuné A Critical Su… Read More
  • Pesen mbah kromoDonyo iki wis tuwo.Wis tuwo tur keronto ronto.Contone:-Akeh putro wani karo wong tuwo;-Akeh joko dadi dudo-Akeh dudo ngaku joko-Akeh prawan nglairke putro tanpa bapa-Akeh rondo towo- towo rogo.Jare ra penak yen ra dikancani j… Read More
  • WOLAK-WALIK ING ZAMAN Seng penting di anggep ora penting, Seng ora penting di penting-pentingnoSeng apik di elek-elek, Seng elek di anggep apikSeng bener di salahno ,seng salah di bener-bener noSeng jane tontonan di anggep tuntunan, Seng mestine … Read More
  • Panglipur sak wetawis (Mini Market)MINI MARKET Wonokairun lagi blonjo ono minimarket cedhak omahe. Sing dituku daging kalengan gawe pakane kucing. Pas arep mbayar, Wonokairun ditakoni karo kasire. "Mbah, yen sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan ku… Read More

1 komentar:

Unknown mengatakan...

aku nangis gan moco postinganmu.....