Sabtu, 24 Januari 2015

SI MBAH PUTRI NUMPAK BECAK

becak suriname-indonesia
Ceritane mbah putri bar blonjo néng pasar, mulihe pengin numpak becak, nyang2an ongkos karo tukang becak'e.
Si mbah: "pak terke kulo wangsul, 5.000,- purun nggih ?".
Tukang becak : "oh déréng saget, 10.000 mawon mbah".
Si mbah : "emoh ah, 5.000 wae to !! Mengko ta duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yo."
Tukang becak : "mboten saget mbah... nek 10.000 nggih kulo purun".
Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak,
si Mbah ngedumel : "nggih pun, tak bayar 10.000!.
Teko tengah dalan tukang becak takon alamate simbah:
Tukang becak: “mbah dalem pundi?” Si mbha meneng wae ra yahuri.
Tukang becak: “Mbah, njenengan mandap pundi? Kok mendel mawon ditangkleti! Tukang becak karo mondo jengkel.
Si mbah jawab: “ mau kan wis tak kandani… lek glelem5000 tak dudui alamte omahku lewat dalan sing cedak. Lek 10.000 ora tak kandani omahku ngendi, goleti dewe…!
Tukang becak: “lah pripun niki mbah?, nggih pun mbah 5000 mawon!
Si mbah: “yen ngono mbalik, wis klewat adoh omahku!

Related Posts:

  • Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa Soko FB,iki ono crito enek sek Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa,mangkene critane, Arie Grobbee : Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Su… Read More
  • Gara-gara duwe mantu kemplo ( panglipur sakwetawis ) Jenenge asli Joko Lelono, ning luwih dikenal Joko Kemplo, pancen wonge rada kemplo senengane gledisan aja maneh karo kanca-kancane lha wong morotuane dewe wae ya sering digawe keki merga pokal gawene. Bengi kuwi morotuan… Read More
  • MijilPAMBUKO KUNCI 7 PAWELING 3 MIJIL SOWAN ROMO:Nyuwon edi pangestu,GUSTI NGEMPALAKEN sdulur4,SEDULURKU KANG ONO bang wetan ingkang nggadai sifat MuTMAINAH JENENG siro manjingo ono ING jiwo RAGA ingsun kanthi tentrem sejatine … Read More
  • Wong JowoAku nggumun, dulur sing ono monco negoro wae isih gelem ngugemi lan angleluri tata krama lan budayane asal usule kaki lan nini moyange jawa. Lha kok sing lahir lan dadi wong jawa saiki, malah ora karep angleluri.....kuwi r… Read More
  • Panglipur sak wetawis (Mini Market)MINI MARKET Wonokairun lagi blonjo ono minimarket cedhak omahe. Sing dituku daging kalengan gawe pakane kucing. Pas arep mbayar, Wonokairun ditakoni karo kasire. "Mbah, yen sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan ku… Read More

2 komentar:

Unknown mengatakan...

Iki blog e wong Suriname ya ?

Unknown mengatakan...

Iki blog e wong suriname ?