Minggu, 18 Januari 2015

Gara-gara duwe mantu kemplo ( panglipur sakwetawis )

Jenenge asli Joko Lelono, ning luwih dikenal Joko Kemplo, pancen wonge rada kemplo senengane gledisan aja maneh karo kanca-kancane lha wong morotuane dewe wae ya sering digawe keki merga pokal gawene.
Bengi kuwi morotuane Kemplo nesu nemen getem-getem nganti megab-megab dadane polahe ditangisi anake wendok siji-sijine ya bojone Kemplo wadul yen rumangsa difitnah dituduh jarene olehe ngandung bayine ora karo sing lanang.
Suwe ditunggu, akhire Kemplo teko nyang omahe morotuane saperlu nggoleki sing wedok, langsung wae diclathu diunek-unekne morotuane sing ora trima anake wedok digawe wirang pungkasane pilih kon pegatan wae tinimbang duwe mantu sing kurang tata kaya Kemplo.
Aneh kemplo malah cengengesan karo jawab sak kepenake :
“…….Angsal boten angsal simah kula badhe kulo beta wangsul, njenengan niku kok tegel nembe kemawon putrane bangun rumah tangga kalih kula kok didhawuhi pegatan, napa malih piyambake sakniki pun ngandhek. pancen leres angsale ngandhek boten kalih kula, ngandhek nggih kersane ngandhek piyambak, boten sah kalih kula nawi kula tumut ngandek rak nggih malah aneh wong mboten gadah wadah, mboten gadah dalane...?!

Related Posts:

  • Budaya Jawa Indonesia lan Suriname bocah cilik jowo suriname lan indonesia taseh nguri-uri kabudayan jowo Ajar budhaya Jawa wiwit cilik Wong Jawa aja nganti lali karo kabudhayane, masio saki wis adoh saka tanah leluhure, luwih-luwih kang isih manggon ana… Read More
  • Basa Jawa wis sumrambah menyang monco negoroBasa Jawa wis sumrambah menyang monco negoro lantaran akehe wong jawa sing dadi imigran krono amergo magawe, kusunyatan kasebut dijelentreh wong jawa sing sumebar ono sing : dadi warga negara Suraname(Amerika Selatan), Cal… Read More
  • Meme Gabah / Menjemur Padi Meme Gabah 2015 neng indonesia Mongso Panen Wong Indonesia sampun dugi, sak wise tandur, matun, lan ngrabok, poro dulur tani sampun panen, alhamdulillah parine lemu-lemu, ora dipangan wereng.. atine do bungah senadyan pana… Read More
  • Wong JowoAku nggumun, dulur sing ono monco negoro wae isih gelem ngugemi lan angleluri tata krama lan budayane asal usule kaki lan nini moyange jawa. Lha kok sing lahir lan dadi wong jawa saiki, malah ora karep angleluri.....kuwi r… Read More
  • Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning patiUrut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati. Meniko urut- urutanipun 1. Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung ka… Read More

0 komentar: