Sabtu, 24 Januari 2015

LAMPU SENTER

Sedulur pada…Basa Jawa kwe akeh banget wernane…, ana Banyumasan, Panturahan, Jogja Solo, Banyuwangian, Osing, Indamayuan Jawa Surinamean…wahhh esih akeh banget.
Ayuhlah pada nulis apa bae sing nggawa cirine dewek dewek, nggo nambaih pemahaman Wong Jawa.
Kye Crita Basa Jawa Banyumasan
lampu senter

LAMPU SENTER
Jaman Nyong esih bocah sing nduwe senter kaya kiye esih arang, pokoke dewek bisa ngerti se kampung sapa bae sing nduwe. Nganggone batu batre sing paling gede, batu batre sing mandan larang merke ABC ngger sing murah merk Eterna. Lucune angger wis mulai mblerek/ora padang batune ditutuk nganti mandan gepeng, terus dadi padang maning hahahaha... aneh yaaa????
Aku dong cilik pancen jail, aku ngajek kanca kancaku “Ngobor Kodok” nganggo Sentere Bapake nyong.
Garehning sing nduwe senter nyong, dadi sing nyekel senter ya inyong, kanca kanca pada ngetutna neng mburi. Nggolet kodok maring sawah mbengi mbengi pas petengan, jaman gemiyen angger pas ora nana wulan mbengi ya petenge porrr... Ngger siki kan akeh sorot lampu listrik.
Aku sing mimpin neng ngarep, angger aku ngomong “Awass...ana wangan (kali cilik) pada mlumpat..!!!” Ya pada manut mlumpati wangan, angger aku ngomong “Ndekukul/nunduk ana wit, mbok kejedud” ya mlakune pada ndekukul.
Suwe suwe Nyong semblotongan, ora nana apa apa kon pada ndekukul/nunduk, apa kon mlumpat padahal ora nana wangan utawa kalen, tapi angger ana wit sing temiyung aku menengbae dadi pada kejedud wit. Kancaku pada kelaranen kejedud wit aku cekikikan karo nguntull.... hahahaha.....
Lah... sing paling merguyokna ana kalen anyar (aliran banyu) kira kira ambane setengah meter , aku meneng bae, mlakune digawe biasa olehe mlumpati kalen, dadine kanca2ne nyong pada kepleset. Sing paling parah Parmin, kepleset tiba raine disit sing tiba maring galengan anyar, dadi raine bek neng belet tok.
Hahahahahahahahaha............kamprettt…kampretttt

0 komentar: