Sabtu, 24 Januari 2015

CERITO LANJUTAN OJO MATENI KARAKTER:

Tapi supoyo alure nyambung luwih apik dimulai soko awal maneh, perlune sedulur sing mulai moco saiki biso paham:
OJO MATENI KARAKTER:
Maman, professor pinter sing berhasil nyiptakne robot canggih sing biso mendeteksi kebohongan sing diucapke manungso. Si Robot arep nampar/nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur/bohong. Saking bungahe, Profesor Maman mamerke hasil cipta’ane marang bojo lan anake. Maman nunggu anake mulih mergo arep dipameri Robot pinter mau.
Tapi ditunggu suwe anake ora teko teko. Bareng wis teko ditakone karo Prof. Maman. “Didik, soko ngendi kowe? Kok wis bengi nembe mulih” Maman takon marang anake. “Wonten pelajaran tambahan, pak” jawab Didik setengah gugup. “PLAK” si Robot nampar pipine Didik sampek memar.
“Didik, iki Robot cipta’ane bapakmu, Robot iki arep nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur! Saiki ngomong sing jujur, kenopo kok kowe mulih telat??””
“Ampun pak…kulo wau nonton film dateng daleme rencang”
“Film opo?”
“Film komedi”. *PLAKK**….
“Ayo ngomong sing jujur, nonton film opo?” bentak Maman karo roso jengkel.
“Anu pak…film porno”. Jawab Didik karo nahan roso keweden.
Krungu jawabane Didik, Maman langsung ngamuk lan ngomel ngomel ora karo karuan, tur motone mlotot karo ngomong:
“Kowe iki isih bocah neng kelakuanmu wis ora genah!. Yen wis gede kowe arep dadi opo? Kurang ajar tenan kowe ki….ngisin ngisinke wong tuwo”. Bapakmu waktu seumurmu biyen ora nakal koyo kowe”.
*PLAK* Maman sang professor ditampar keras banget karo Robot cipta’ane dewe.
Njur suosono omah dadi hening sakwentoro.
Istri Maman, krungu ono ribut ribut langsung metu soko kamar njur ngomong: “Bapak iki piye tho??? Podo wae klakuane koyo anake! Buah apel ora adoh ceblok soko wite kan? Eling pak, masiyo Didik kelakuane koyo iki, tetap dia iku darah daging bapak, dadi……..
*PLAK* Si Robot pinter nampar istri Maman keras buaaanget, sampai bu Maman keloro loro. “Iki piye tho… Kok aku melu ditampar?” Langsung wae suasono omah dadi heniiiiiiing heniiiiiing buanget!
He he he he…..mesem disik!....dudu iki cerito sing sakbenere…
LANJUTAN:
Wis dadi kebiasaan kanggone penduduk sing manggon ono kepulaun Solomon, Pasifik Selatan, penduduk premitif nang kono duweni kebiasaan sing menarik yoiku MBENGO’I WIT (meneriaki pohon). Nggo opo…? Kebiasaan iki dilakoni yen ono uwit (pohon) gede sing oyote kuwat, kokoh sing angel dipotong nggo kapak.
Corone koyo ngene: penduduk sing kuwat lan kendel menek uwit gede mau sampai soko tempat sing paling duwur. Njur deweke bongok bengok soko duwur uwit, terus diikuti penduduk sing ono ngisor melu bengok bengok sak kuwate. Kegiatan iki (mbengo’i uwit) dilkoni sampai 40 dino. Hasile bener bener nggumunke. Uwit sing maune kuat, kokoh godonge rimbun kuwi mulai layu, godonge rontok njur kayune mongering, keropos njur mati ahire gampak dirobohke.
Yen dinalar opo sing dilakoni penduduk primitive iki bener bener aneh lan ora masuk akal. Tapi kito kudu iso belajar soko penduduk Solomon. Deweke wis mbuktekne yen Bongokan (teriakan) sing ditujokne marang mahluk hidup koyo uwit (pohon) bisa ngilangke ruh. Akibate mahluk iku biso mati.
Poro sahabat Group, kito iki mahluk hidup sing lemah, fisik kito luwih lemah tinimbang uwit gede mau. Tapi kito sering neriaki anak: Ayo cepet belajar!. Mingkem..mingkem…ojo ribut nang kene! Aku arep turu! Anak buah ing kantor : “Dasar lelet, koyo keong!...Bodo tenan kuwe iki, ngono wae ora iso!”
Utowo kito sering mbengo’i pasangan kito: Bojo koyo kuwe ra duwe roso trimakasih..mbok yo ngoco!
Bodo banget sih dadi wong lanang, opo opo ora biso! Bisone mung jaluk!
Guru ngomeli muride: Bodo banget, soal gampang koyo ngono ora biso ngerjake! Kapan pintere kuwe?
Setiap teriak, kito meroso jengkel, nesu, terhina lan terluka. Sebenere kito kudu eling opo sing dilakone penduduk Solomon, deweke wis nguwenehi pelajaran marang kito yen sejatine teriakan iku biso mateni karakter wong liyo, biso anak, istri/suami, murid, pegawai lan liyane. Kito ugo biso mateni ruh tali silaturrhim kito karo lawan bicoro kito, sing suwe suwe biso mutuske hubungan erat dadi adoh. Ugo kito bisa mateni sifat kreatifitas anak, murid, pegawai lan sedulur liyone.
Sing bener teriakan utowo bengokan iku nggo lawan bicoro kito yen jarake mondo adoh karo kito. Bener kan? Tapi keno opo kito sering mbongo’ karo lawan bicoro sing ono ngarep kito? Sing mungkin wae jarake mung beberopo senti meter wae. Iku pertondo yen kito sejatine CEDAK secoro fisik, ning ADOH secoro bathin utowo soko hati kito. Tanpo kito sadari yen kito sering mbengo’i anak kito, secoro ora langsung kito mateni ruh kreatifitas dia, sing ahire biso nimbulke roso benci utowo dendam marang kito.
Mangkane sedulur Group mulai saiki ojo gampang nesu, ojo gampang ngamuk, ati kudu sareh lan sabar.

0 komentar: