Sabtu, 24 Januari 2015

CERITO LANJUTAN OJO MATENI KARAKTER:

Tapi supoyo alure nyambung luwih apik dimulai soko awal maneh, perlune sedulur sing mulai moco saiki biso paham:
OJO MATENI KARAKTER:
Maman, professor pinter sing berhasil nyiptakne robot canggih sing biso mendeteksi kebohongan sing diucapke manungso. Si Robot arep nampar/nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur/bohong. Saking bungahe, Profesor Maman mamerke hasil cipta’ane marang bojo lan anake. Maman nunggu anake mulih mergo arep dipameri Robot pinter mau.
Tapi ditunggu suwe anake ora teko teko. Bareng wis teko ditakone karo Prof. Maman. “Didik, soko ngendi kowe? Kok wis bengi nembe mulih” Maman takon marang anake. “Wonten pelajaran tambahan, pak” jawab Didik setengah gugup. “PLAK” si Robot nampar pipine Didik sampek memar.
“Didik, iki Robot cipta’ane bapakmu, Robot iki arep nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur! Saiki ngomong sing jujur, kenopo kok kowe mulih telat??””
“Ampun pak…kulo wau nonton film dateng daleme rencang”
“Film opo?”
“Film komedi”. *PLAKK**….
“Ayo ngomong sing jujur, nonton film opo?” bentak Maman karo roso jengkel.
“Anu pak…film porno”. Jawab Didik karo nahan roso keweden.
Krungu jawabane Didik, Maman langsung ngamuk lan ngomel ngomel ora karo karuan, tur motone mlotot karo ngomong:
“Kowe iki isih bocah neng kelakuanmu wis ora genah!. Yen wis gede kowe arep dadi opo? Kurang ajar tenan kowe ki….ngisin ngisinke wong tuwo”. Bapakmu waktu seumurmu biyen ora nakal koyo kowe”.
*PLAK* Maman sang professor ditampar keras banget karo Robot cipta’ane dewe.
Njur suosono omah dadi hening sakwentoro.
Istri Maman, krungu ono ribut ribut langsung metu soko kamar njur ngomong: “Bapak iki piye tho??? Podo wae klakuane koyo anake! Buah apel ora adoh ceblok soko wite kan? Eling pak, masiyo Didik kelakuane koyo iki, tetap dia iku darah daging bapak, dadi……..
*PLAK* Si Robot pinter nampar istri Maman keras buaaanget, sampai bu Maman keloro loro. “Iki piye tho… Kok aku melu ditampar?” Langsung wae suasono omah dadi heniiiiiiing heniiiiiing buanget!
He he he he…..mesem disik!....dudu iki cerito sing sakbenere…
LANJUTAN:
Wis dadi kebiasaan kanggone penduduk sing manggon ono kepulaun Solomon, Pasifik Selatan, penduduk premitif nang kono duweni kebiasaan sing menarik yoiku MBENGO’I WIT (meneriaki pohon). Nggo opo…? Kebiasaan iki dilakoni yen ono uwit (pohon) gede sing oyote kuwat, kokoh sing angel dipotong nggo kapak.
Corone koyo ngene: penduduk sing kuwat lan kendel menek uwit gede mau sampai soko tempat sing paling duwur. Njur deweke bongok bengok soko duwur uwit, terus diikuti penduduk sing ono ngisor melu bengok bengok sak kuwate. Kegiatan iki (mbengo’i uwit) dilkoni sampai 40 dino. Hasile bener bener nggumunke. Uwit sing maune kuat, kokoh godonge rimbun kuwi mulai layu, godonge rontok njur kayune mongering, keropos njur mati ahire gampak dirobohke.
Yen dinalar opo sing dilakoni penduduk primitive iki bener bener aneh lan ora masuk akal. Tapi kito kudu iso belajar soko penduduk Solomon. Deweke wis mbuktekne yen Bongokan (teriakan) sing ditujokne marang mahluk hidup koyo uwit (pohon) bisa ngilangke ruh. Akibate mahluk iku biso mati.
Poro sahabat Group, kito iki mahluk hidup sing lemah, fisik kito luwih lemah tinimbang uwit gede mau. Tapi kito sering neriaki anak: Ayo cepet belajar!. Mingkem..mingkem…ojo ribut nang kene! Aku arep turu! Anak buah ing kantor : “Dasar lelet, koyo keong!...Bodo tenan kuwe iki, ngono wae ora iso!”
Utowo kito sering mbengo’i pasangan kito: Bojo koyo kuwe ra duwe roso trimakasih..mbok yo ngoco!
Bodo banget sih dadi wong lanang, opo opo ora biso! Bisone mung jaluk!
Guru ngomeli muride: Bodo banget, soal gampang koyo ngono ora biso ngerjake! Kapan pintere kuwe?
Setiap teriak, kito meroso jengkel, nesu, terhina lan terluka. Sebenere kito kudu eling opo sing dilakone penduduk Solomon, deweke wis nguwenehi pelajaran marang kito yen sejatine teriakan iku biso mateni karakter wong liyo, biso anak, istri/suami, murid, pegawai lan liyane. Kito ugo biso mateni ruh tali silaturrhim kito karo lawan bicoro kito, sing suwe suwe biso mutuske hubungan erat dadi adoh. Ugo kito bisa mateni sifat kreatifitas anak, murid, pegawai lan sedulur liyone.
Sing bener teriakan utowo bengokan iku nggo lawan bicoro kito yen jarake mondo adoh karo kito. Bener kan? Tapi keno opo kito sering mbongo’ karo lawan bicoro sing ono ngarep kito? Sing mungkin wae jarake mung beberopo senti meter wae. Iku pertondo yen kito sejatine CEDAK secoro fisik, ning ADOH secoro bathin utowo soko hati kito. Tanpo kito sadari yen kito sering mbengo’i anak kito, secoro ora langsung kito mateni ruh kreatifitas dia, sing ahire biso nimbulke roso benci utowo dendam marang kito.
Mangkane sedulur Group mulai saiki ojo gampang nesu, ojo gampang ngamuk, ati kudu sareh lan sabar.

OJO MATENI KARAKTER

Maman, professor pinter sing berhasil nyiptakne robot canggih sing biso mendeteksi kebohongan sing diucapke manungso. Si Robot arep nampar/nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur/bohong. Saking bungahe, Profesor Maman mamerke hasil cipta’ane marang bojo lan anake. Maman nunggu anake mulih mergo arep dipameri Robot pinter mau.
Tapi ditunggu suwe anake ora teko teko. Bareng wis teko ditakone karo Prof. Maman. “Didik, soko ngendi kowe? Kok wis bengi nembe mulih” Maman takon marang anake. “Wonten pelajaran tambahan, pak” jawab Didik setengah gugup. “PLAK” si Robot nampar pipine Didik sampek memar.
“Didik, iki Robot cipta’ane bapakmu, Robot iki arep nempeleng sopo wae sing ngomong ora jujur! Saiki ngomong sing jujur, kenopo kok kowe mulih telat??””
“Ampun pak…kulo wau nonton film dateng daleme rencang”
“Film opo?”
“Film komedi”. *PLAKK**….
“Ayo ngomong sing jujur, nonton film opo?” bentak Maman karo roso jengkel.
“Anu pak…film porno”. Jawab Didik karo nahan roso keweden.
Krungu jawabane Didik, Maman langsung ngamuk lan ngomel ngomel ora karo karuan, tur motone mlotot karo ngomong:
“Kowe iki isih bocah neng kelakuanmu wis ora genah!. Yen wis gede kowe arep dadi opo? Kurang ajar tenan kowe ki….ngisin ngisinke wong tuwo”. Bapakmu waktu seumurmu biyen ora nakal koyo kowe”.
*PLAK* Maman sang professor ditampar keras banget karo Robot cipta’ane dewe.
Njur suosono omah dadi hening sakwentoro.
Istri Maman, krungu ono ribut ribut langsung metu soko kamar njur ngomong: “Bapak iki piye tho??? Podo wae klakuane koyo anake! Buah apel ora adoh ceblok soko wite kan? Eling pak, masiyo Didik kelakuane koyo iki, tetap dia iku darah daging bapak, dadi……..
*PLAK* Si Robot pinter nampar istri Maman keras buaaanget, sampai bu Maman keloro loro. “Iki piye tho… Kok aku melu ditampar?” Langsung wae suasono omah dadi heniiiiiiing heniiiiiing buanget!
(BERHUBUNG SUASONONE HENING…SEPI…SUNYI, DADI CERITONO MANDEG SAWENTORO, MELU BELO SUNGKOWO KELUARGONE PROF MAMAN. SESOK DILANJUTKE MANEH/BERSAMBUNG)

LAMPU SENTER

Sedulur pada…Basa Jawa kwe akeh banget wernane…, ana Banyumasan, Panturahan, Jogja Solo, Banyuwangian, Osing, Indamayuan Jawa Surinamean…wahhh esih akeh banget.
Ayuhlah pada nulis apa bae sing nggawa cirine dewek dewek, nggo nambaih pemahaman Wong Jawa.
Kye Crita Basa Jawa Banyumasan
lampu senter

LAMPU SENTER
Jaman Nyong esih bocah sing nduwe senter kaya kiye esih arang, pokoke dewek bisa ngerti se kampung sapa bae sing nduwe. Nganggone batu batre sing paling gede, batu batre sing mandan larang merke ABC ngger sing murah merk Eterna. Lucune angger wis mulai mblerek/ora padang batune ditutuk nganti mandan gepeng, terus dadi padang maning hahahaha... aneh yaaa????
Aku dong cilik pancen jail, aku ngajek kanca kancaku “Ngobor Kodok” nganggo Sentere Bapake nyong.
Garehning sing nduwe senter nyong, dadi sing nyekel senter ya inyong, kanca kanca pada ngetutna neng mburi. Nggolet kodok maring sawah mbengi mbengi pas petengan, jaman gemiyen angger pas ora nana wulan mbengi ya petenge porrr... Ngger siki kan akeh sorot lampu listrik.
Aku sing mimpin neng ngarep, angger aku ngomong “Awass...ana wangan (kali cilik) pada mlumpat..!!!” Ya pada manut mlumpati wangan, angger aku ngomong “Ndekukul/nunduk ana wit, mbok kejedud” ya mlakune pada ndekukul.
Suwe suwe Nyong semblotongan, ora nana apa apa kon pada ndekukul/nunduk, apa kon mlumpat padahal ora nana wangan utawa kalen, tapi angger ana wit sing temiyung aku menengbae dadi pada kejedud wit. Kancaku pada kelaranen kejedud wit aku cekikikan karo nguntull.... hahahaha.....
Lah... sing paling merguyokna ana kalen anyar (aliran banyu) kira kira ambane setengah meter , aku meneng bae, mlakune digawe biasa olehe mlumpati kalen, dadine kanca2ne nyong pada kepleset. Sing paling parah Parmin, kepleset tiba raine disit sing tiba maring galengan anyar, dadi raine bek neng belet tok.
Hahahahahahahahaha............kamprettt…kampretttt

Pesen mbah kromo

Donyo iki wis tuwo.Wis tuwo tur keronto ronto.
Contone:
-Akeh putro wani karo wong tuwo;
-Akeh joko dadi dudo
-Akeh dudo ngaku joko
-Akeh prawan nglairke putro tanpa bapa
-Akeh rondo towo- towo rogo.Jare ra penak yen ra dikancani joko.
-Akeh omah ibadah ra tau disobo. sing disobo malah omahe germo.
-Diajak ibadah mesti semoyo.Jare sambat boyoke lara.
elingo yen sak wayah2 dipundut Sing Kuwoso, ora enom ora tuwo.
malaekat podo ngincer sing leno.Mulo jo lali ibadah madep Sing Kuwoso. Yen mati ben mlebu suargo. Yen mlebu suargo jo lali HP ne digowo, ben iso ngabari lan BBM-an karo konco konco.
Yen mlebu neroko HP-ne ra usah digowo,amargo sinyale ora ono.
Pitutur jowo asli ojo dilalekno. Urip iku mung sedelo. Mulo konco,tulung pitutur iki disebarno marang konco.
Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem lan ngguyu berarti kulino.
Sing manyun berarti ra iso boso jowo. Sugeng dalu dulur.......

WOLAK-WALIK ING ZAMAN

Seng penting di anggep ora penting, Seng ora penting di penting-pentingno
Seng apik di elek-elek, Seng elek di anggep apik
Seng bener di salahno ,seng salah di bener-bener no
Seng jane tontonan di anggep tuntunan, Seng mestine tuntunan malah dadi tontonan
Ora ono manungso seng sempurno
Ora ono manungso seng ora nduwe duso
Mulo podho enggal-enggal tobatto
Mumpung durung di timbali marang seng KUWOSO
Zamane zaman edan,akeh menungso podho lali karo pengeran
Ngaku agamane islam tapi gak gelem sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,bandane tanggane malah di gae rayaan
Zamane-zaman maju ,akeh wong wadhon podho kemayu
Lek bengi podho metu ngguya-guyu,mung trimo mamerne pupu
Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu
Zamane-zaman globalisasi,akeh uwong wes lali karo dzat kang moho suci
Akeh santri seng podho gak gelem ngaji,ugo akeh kyai seng lali karo santri
Malah melu-melu rebutan kursi
Manungso kui di titah podho, nanging lek masalah bondo dijatah bedo
Mulo manungso iku wajibpe mung usaha karo dungo
Intuk rezeki sepiro atine seng nrimo, gak usah meri karo konco
(sak podho-podho)
Akeh wong setres mergo urip pe gak beres
Rino wengi mung mburu nduyo, njur lali karo agomo
Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo
Wong yen nrimo urip pe dowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urip pe bakal barokah
Sopo seng jujur urip pe makmur
Wong suloyo urip pe rekoso
Wong seng sombong amale kobong
Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen
Akeh wong ngaku islam agamane tapi tumindak e sak karepe dewe
Zamane wes zaman tuo akeh manungso wes angel di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gae duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso
Sitik-sitik ra ketoro sui-sui dadi cetho
Koyo wong tumindak duso di lakoni sak bendino
Duso lantaran umungan,lantaran kuping lan tangan
Kadang-kadang ora kroso mergo pancen wes kulino
Seng ati-ati kelawan waspodho
menowo siro ngobrol karo konco
Ngrasani tonggo ngojah alane liyo
Kadang ra rumongso awak e gae duso
Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal podho tobat
timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab
Mung duso sepele kang ora di rasak ke
Nanging gedhe akibate marang awak e dewe
Mumpung isih urip ngibadaho kanti tertip
ngelingono yen wes mati ora bakal iso bali
Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas
Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo
Mumpung isih longgar ibadaho kandi sabar
Ngelingono yen wes repot ibadah rasane abot
Mumpung isih sugih bondo dadio wong seng lumo
Ngelingono yen wes mlarat rino wengi mung sambat
Lek wes sugih ko ora kelingan bondo iku mung titipan
Mbok yo eling karo sanak kadang yen wes sugih ojo mung nyawang
Tulungono wong seng kekurangan sandang ugo kurang pangan
Sugih bondo mung sak wetoro mbesok yen mati ora bakal di gowo
wong seng lumo iklas amale,ngunu iku bakal akeh ganjarane
Sugihe ojo mung kangge dewe seng mlarat mbok di gatek ke
Dulur-Dulur Muslimin Muslimat Ayo Pada golek Sangu Akhirat
Sak Durunge Ketekan Sekarat Ana Ing Kubur Bakal DitarapBakal Ditakoni Karo Malaikat Amal Kito Ora Ana Sing Kliwat
Ayo Pada Ngelakoni Sholat Rina Wengi Mumping Sik Sempat
Zaman Sak Iki Wis Jedek Kiamat Akeh Wong Seneng Ngekoni Maksiyat
Ninggalno Sholat Lan Emoh Mbayar Zakat Wis Kadung Kroso Nikmat Lali Akhirat
Dulur-Dulur Ayo Pada Sregep Ngaji
Sak Durunge Ketekan Pati
Tinimbang Getun Ono Ing Dino Mburi
Urip ono Ndunya Ora Bisa Dibaleni
Konco-Konco Sing Sik Seneng mendem-menNdeman
Dulur-Dulurku Sing Seneng Togelan
Ayo Podo Dicegah Gak Terus-Terusan
Sebab Mendem Koya Wong Edan, Seneng Togelan Ngrusak Masa Depan
Seneng Tombokan Gak Iso Dadi Jutawan
Sing Akeh Mari Oleh Tambah Jorjoran
Wong Main Ngono Direwangi Syetan, Dijak Seneng Gae Konco Langganan
Konco Nom-Noman Sing Sregep Nyelengi,
Yen Wis Akeh Duete Digawe Rabi
Calon Bojone Yo Iso Nyenengi, Morotuwane Yo Melok mbungahi
Sregep Tangi Ing Tengah Wengi
Dulur-Dulur Ayo Pada Sadar,
Sak Durunge Ketekan Modar
Tinimbang Getun Gak Kenek Dibayar
Urip Ndik Ndunya Iku Mung Sak Gebyar

boso jowo

Basa Jawa iku akèh banget cara
pituturané. ana dhialèk sing
didasarké tlatahé lan ora sekabèhé
dhialèk Jawa dimangarteni déning
kabeh wong Jawa. Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli
basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing
bukuné A Critical Survey of Studies
on the Languages of Java and
Madura (1964), dikelompokaké dadi
3 (telung) rumpun yaiku :
Rumpun basa Jawa kulon :
Dhialèk Banten (utawa Jawa
Serang)
Dhialèk Cerbon (Dermayu-
Cerbon)
Dhialèk Tegal (Brebes nganti
Pemalang)
Dhialèk Banyumasan
(Purwokerto, Cilacap lan
Banyumas)
Kelompok ing nduwur iku biasané
disebut basa Jawa ngapak ngapak
utawa basa penginyongan.
Rumpun basa Jawa Tengah :
Dhialèk Pacitan
Dhialèk Pekalongan
Dhialèk Semarangan
Dhialèk Kedhu
Dhialèk Surakarta
Dhialèk Yogyakarta
Dhialèk Madhiun
Dhialèk Blora
Kelompok ing nduwur kaé biasané
disebut basa Jawa baku.
Rumpun basa Jawa wétanan :
Dhialèk Surabayaan
Dhialèk Malangan
Dhialèk Lumajang
Dhialèk Tengger
Basa Osing Banyuwangên
Kelompok ing ndhuwur iku biasané
diarani basa Jawa wétanan.

SI MBAH PUTRI NUMPAK BECAK

becak suriname-indonesia
Ceritane mbah putri bar blonjo néng pasar, mulihe pengin numpak becak, nyang2an ongkos karo tukang becak'e.
Si mbah: "pak terke kulo wangsul, 5.000,- purun nggih ?".
Tukang becak : "oh déréng saget, 10.000 mawon mbah".
Si mbah : "emoh ah, 5.000 wae to !! Mengko ta duduhi dalane, ben cepet tekan omahku yo."
Tukang becak : "mboten saget mbah... nek 10.000 nggih kulo purun".
Mangkel mergo tukang becak'e ra gelem ngeduk'ke rego, akhir'e si mbah putri ngalah, karo munggah lungguh becak,
si Mbah ngedumel : "nggih pun, tak bayar 10.000!.
Teko tengah dalan tukang becak takon alamate simbah:
Tukang becak: “mbah dalem pundi?” Si mbha meneng wae ra yahuri.
Tukang becak: “Mbah, njenengan mandap pundi? Kok mendel mawon ditangkleti! Tukang becak karo mondo jengkel.
Si mbah jawab: “ mau kan wis tak kandani… lek glelem5000 tak dudui alamte omahku lewat dalan sing cedak. Lek 10.000 ora tak kandani omahku ngendi, goleti dewe…!
Tukang becak: “lah pripun niki mbah?, nggih pun mbah 5000 mawon!
Si mbah: “yen ngono mbalik, wis klewat adoh omahku!

Minggu, 18 Januari 2015

Panglipur sak wetawis (Mini Market)

MINI MARKET
Wonokairun lagi blonjo ono minimarket cedhak omahe. Sing dituku daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas arep mbayar, Wonokairun ditakoni karo kasire.
"Mbah, yen sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno yen sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir yen pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali,kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk nang omah njur mbalik karo nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh karo Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir yen tibake pakan asu iki sampeyan krokoti dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih maneh njur mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun terus mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus bekase indomi sing pinggirane dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan arep tuku pakane ulo yo ? " jare Bunali. "Iki isine dhudhuk ulo.
Cobo tanganmu lebokno kene yen kepingin ngerasakne.
"Wis to tak jamin ora bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali mondo wedhi, tapi sakbare dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno nang bolongane kerdus.
Jebul njerone onok gembuk- gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih ora huenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan,
"jangkrik ki, ancene wong dhobhol, lha kok sampeyan kongkon aku ndhemok telek(tai)."
"Nah saiki, oleh kan aku tuku tisu kamar mandi ?wong aku wes gowo buktine." jare Wonokairon


Liyane

Mijil

PAMBUKO
KUNCI 7
PAWELING 3
MIJIL
SOWAN ROMO:Nyuwon edi pangestu,GUSTI NGEMPALAKEN sdulur4,SEDULURKU KANG ONO bang wetan ingkang nggadai sifat MuTMAINAH JENENG siro manjingo ono ING jiwo RAGA ingsun kanthi tentrem sejatine tentrem JENENG SIRO lenggaho ingsun sangoni rahayu basuki,
SEKABEHANING TITAHE MENUNGSO INGKANG OLO molo LAN MANGRENCONO OLO SEMINGKIRNO,
NGEMPALAKEN SEDULURKU PAPAT, SEDULUR KU INGKANG ONO BANG KIDUL INGKANG NGGADAI SIFAT ALUWAMAH,SEDULUR KU KANG ONO BANG KULON KANG GADAI SIFAT AMARAH,SEDULURKU KANG ONO LOR KANG GADAI SIFAT SUPIAH, enggepuniko jeseme jesem alus bogsone bogso malaikat ingkang kduwe sifat mutmainnah,ALUWAMAH AMARAH SUFIYAH,ingkang kasebut asmo jibril mikail isrofil izroil,sedulur 4 jeneng siro ingsun timbali manjingo ono ING jiwo rAgA ingsun.kanthi tertrem sejatine tentrem,
JENENG SIRO lenggao ingsun sangoni rahayu basuki.gusti kanjeng romo prabu heru cokro kulo putro romo igkang ksbut asmo kontho warno 9 sejati.nyuwon edi pangestu nimbali kakang sastro jendro hayu hayu ningrat.kakang SASTRO JENDRO HAYUHAYU NINGRAT,jeneng siro ingsun timbali manjingo ono ING jiwo rAgA ingsun,kanthi tentrem sejatine tentrem JENENG SIRO lenggaho ingsun sangoni rahayu basuki.
sun jarwani jarwaniro pribadi (pitutur)kanthi gamblang sejatine gamblang
GUSTI KANJENG ROMO kulo putro romo nyuwon edi pangestu: mugi sedoyo hajat kulo lan keluarga kulo.lan sanak kadang di paringi lancar.lan mugi di paringi kata rizkine Amin"

mahos SINGKIR
‪#‎RAHAYUBASUKI‬

Gara-gara duwe mantu kemplo ( panglipur sakwetawis )

Jenenge asli Joko Lelono, ning luwih dikenal Joko Kemplo, pancen wonge rada kemplo senengane gledisan aja maneh karo kanca-kancane lha wong morotuane dewe wae ya sering digawe keki merga pokal gawene.
Bengi kuwi morotuane Kemplo nesu nemen getem-getem nganti megab-megab dadane polahe ditangisi anake wendok siji-sijine ya bojone Kemplo wadul yen rumangsa difitnah dituduh jarene olehe ngandung bayine ora karo sing lanang.
Suwe ditunggu, akhire Kemplo teko nyang omahe morotuane saperlu nggoleki sing wedok, langsung wae diclathu diunek-unekne morotuane sing ora trima anake wedok digawe wirang pungkasane pilih kon pegatan wae tinimbang duwe mantu sing kurang tata kaya Kemplo.
Aneh kemplo malah cengengesan karo jawab sak kepenake :
“…….Angsal boten angsal simah kula badhe kulo beta wangsul, njenengan niku kok tegel nembe kemawon putrane bangun rumah tangga kalih kula kok didhawuhi pegatan, napa malih piyambake sakniki pun ngandhek. pancen leres angsale ngandhek boten kalih kula, ngandhek nggih kersane ngandhek piyambak, boten sah kalih kula nawi kula tumut ngandek rak nggih malah aneh wong mboten gadah wadah, mboten gadah dalane...?!

Wong Jowo

Aku nggumun, dulur sing ono monco negoro wae isih gelem ngugemi lan angleluri tata krama lan budayane asal usule kaki lan nini moyange jawa. Lha kok sing lahir lan dadi wong jawa saiki, malah ora karep angleluri.....kuwi rak aneh to? Kamongko upomo gelem angleluri lan ambudidaya, caturan utowo cakepan lan sesrawungan utowo kekancan kuwi ono anggah-ungguhe (patrap sing umure podho lan sing bedo umure) sahenggo antara siji lan sijine rumongso kinajenan. Upamane sing podho umur nganggo basa ngoko lan sing enom karo sing luwih tuwo umure nganggo basa kromo andap lan nganggo kromo inggil sing tumuju marang wong sing kinormatan. Lho.....apik to ? Mosok ngono wae kok ngemohi....sing jare ribet,- Sugeng Dalu lan sugeng asuh sariro, ing panuwun mugi nyupeno anampi kanugrahaning Gusti.....amiin,-

Basa Jawa wis sumrambah menyang monco negoro

Basa Jawa wis sumrambah menyang monco negoro lantaran akehe wong jawa sing dadi imigran krono amergo magawe, kusunyatan kasebut dijelentreh wong jawa sing sumebar ono sing : dadi warga negara Suraname(Amerika Selatan), Caledonia(Perancis), Belanda(Nedherland).Singapura,Malaysia.....Universitas Basa Jawa anane mung ono Belanda (yaiku Universitas Leiden) sing mbabar piwulang Sejarah Jawa,Budaya Jawa lan Basa Jawa. Mulo saumpama kepengin ngerti kawruh Jawa.....yo kudu sinau ono kono, mergo buku babad tanah Jowo asline kuwi ono kono, sing nulis wong Belanda lan sakliyane kuwi ugo ono penulis sing asal Tionghoa(China).

Budaya Jawa Indonesia lan Suriname

bocah cilik jowo suriname lan indonesia taseh nguri-uri kabudayan jowo

Ajar budhaya Jawa wiwit cilik
Wong Jawa aja nganti lali karo kabudhayane, masio saki wis adoh saka tanah leluhure, luwih-luwih kang isih manggon ana tanah Jawa dhewe.....!
Menawi kagungan putra-putri inggih prayogi dipun dhawuhi sinau seni kabudhayan Jawa ingkang sampun misuwur sak jagat. Menawi boten mekaten, mesakake yen mbesuk gedhe njur dadi wong Jawa ning ora Njawani.

Bocah cilik yen mung didhawuhi sinau pelajaran sekolah wae mesakne mbesuke ora nduweni kenangan sing endah nalikane isih dadi bocah .

Monggo Sedulur ing Suriname lan Enten Jawa Indonesia tansah nguri-uri kabudayan jawa, supados mbesuke anak lan putune awake dewe iseh iso nemoni warisan leluhur jowo.

Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati

Urut-urutané tembang Jawa niku sami kaliyan lelakoning manungsa saking bayi abang ngantos tumekaning pati. Meniko urut- urutanipun
1. Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng- senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha – padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha – padha.
10. Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pucung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
mugi - mugi saget migunani... nuwun

Meme Gabah / Menjemur Padi

Meme Gabah 2015 neng indonesia
Mongso Panen Wong Indonesia sampun dugi, sak wise tandur, matun, lan ngrabok, poro dulur tani sampun panen, alhamdulillah parine lemu-lemu, ora dipangan wereng.. atine do bungah senadyan panas-panasan neng sawah lan gatel mergo keno damen..gambar seng eneng nduwur iku pak tani nembe mepe gabah ning latare.
Meme Gabah 2015 neng indonesia

Poro sederek sing enten suriname mugi panene sami kathah, yo panen parine, panen jagunge, panen kopine, lan sak pinunggalane.

Sabtu, 17 Januari 2015

Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa

Soko FB,iki ono crito enek sek Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa,mangkene critane,

Arie Grobbee :
Nggoleti Anak turun Wong Karangbanjar Purbalingga sing urip neng Suriname utawa Negri Landa
Data sing bisa Inyong bisa olih Ki Santajip (asli desane Nyong Karangbanjar mangkat Suriname tahun 1928) nikah karo Ni Karjasemita (asline Sampangmangkat Suriname tahun 1927) )neng Suriname tahun 1940…, duwe anak 5:
Indonesia to Suriname

Gehuwd krachtens GB 1940 (Moh) met Santajip AF1477
Kinderen:
1. Simin mnl geb 19/9/34 op Peperpot. NV 24/9/52 no 498. NV 17/9/57 fol 110 no 335 ' 57
2. Sarinah vrl geb 28/3/37 op Meerzorg. NV 4/4/55 no 253. Op goedkeuring van de DC Sur is Sarinah ter verdere verzorging en opvoeding afgestaan aan Bok Watini AF2119 en Mistam AF2118 wonende op Kwatta dd 5/1/46. NV 17/9/57 fol 110 no 335 (Parbo). Sarinah is verstoten echtg van Koesmin z/v TT967 en TT946 zie NV 10/10/53
3. Ponijem vrl geb 3/4/39 in het distr Sur.
4. Saminah vrl geb 7/3/44 op Meerzorg
5. Nisang mnl geb 5/6/41 in het distr Sur.
Anak ke 1 Simin karo ke 5 Nisang kwe lanang, angger pada duwe anak berarti nganggo jeneng Santajip…. Padahal jeneng Santajip kwe siji sijine jeneng/aran sing mangkat ming Suriname skang Jawa. Angger neng Suriname/Landa ana Wong Djawa jeneng keluargane Santajip ya kemungkinan kwe anak turune Wong Karangbanjar….
Moga moga bae bisa ketemu.....

other all : klik

Jeneng Deso Ojo Di Ganti Jenenge Pak Pemerintah

 Arie Grobbee :

Nama nama Pedukuhan sebenarnya sangat disayangkan kalau dihilangkan. Klo kita perhatikan Kartu Identitas kita, sudah tidak ada lagi nama Pedukuhannya, seperti saya tinggal di Pedukuhan Kuncen tertulisnya di KTP hanya ada RW…RT… tidak ada keterangan nama Pedukuhannya. Pemerintah juga sepertinya mengganti nama pedukuhan itu dengan menggunakan angka, seperti di desa saya Kuncen :Dusun 1, Karangbanjar :Dusun 2 Karangsempu :Dusun 3 dst… itu nama Dusun di Desa Karangbanjar.
Yang menjadi masalah, banyak sekali Arsip tentang Negri ini di Belanda yang justru menggunakan nama Pedukuhan, contoh:
Naam Bok Madjasim Vadersnaam Kartinem Gewest Banjoemas Afdeling Poerbolinggo
District Poerbolinggo Desa / dorp Karang Sempoe
Karang Sempoe adalah nama Pedukuhan di desa Karangbanjar.
Naam Sarmin Vadersnaam Sarmin Gewest Banjoemas Afdeling Poerbolinggo
District Poerbolinggo Desa / dorp Karangbolong
Karangbolong adalah nama Pedukuhan di Kajongan
Naam Parsan Vadersnaam Parsan Gewest Banjoemas Afdeling Poerbolinggo
District Poerbolinggo Desa / dorp Banjoemoedal
Banyumudal adalah nama Pedukuhan didesa Bojongsari… Owabong masuk dalam Pedukuhan Banyumudal.
Naam Sanid Vadersnaam Sanid Gewest N. Banjoemas
Afdeling Poerbolinggo District Poerbolinggo Desa / dorp Lemahmeteng
Lemahmeteng adalah nama Pedukuhan di desa Semingkir.
Data diatas adalah arsip orang orang Jawa yang pergi ke Suriname, datanya jauh lebih lengkap itu saya potong untuk menyingkat. tidak ada keterangan desa dan kecamatan, karena mungkin dulu belum ada kecamatan yang ada kawedanan.
Orang Jawa yg di Suriname mayoritas sangat bangga menjadi orang Jawa, dan mereka sangat ingin tau dari daerah mana Jawa nya dan siapa saja kerabatnya. Dengan dihilangkannya nama Pedukuhan, mereka akan sangat kesulitan mencari jejak darimana mereka berasal apalagi mencari kerabatnya.
Orang Jawa Suriname menggunakan nama leluhur mereka yang pertama datang ke Suriname sebagai Nama Belakang/Keluarga. Makanya jangan heran klo nama mereka depannya nama Barat belakangnya sangat Jawa contohnya perenang juara dunia Ranomi Kromowidjojo, Pemain sepakbola Belanda Sigourney Bandjar. Kromowidjojo dan Banjar adalah nama leluhur mereka yang berangkat ke Suriname dari Jawa, dan ini sangat membantu mereka untuk mencari jejak kerabatnya.
Tulisan saya diatas adalah hanya contoh kecil saja, sangat mungkin banyak arsip yang sangat penting untuk bisa digali tapi dengan data nama Pedukuhan

WONG JOWO OJO ILANG JOWONE.

APA sebenarnya kekayaan orang Jawa?
Rukun dan urmat! Rukun terhadap dirinya
sendiri, dan rukun terhadap orang lain.
Hormat terhadap diri sendiri, dan terhadap
orang lain. Rukun terhadap diri sendiri
diartikan sebagai tahu diri, bisa rumangsa,
bisa menempatkan diri. Dan, rukun terhadap
orang lain sesungguhnya bisa diartikan
sebagai kemampuan menahan diri dan
merupakan bentuk penghormatan terhadap
liyan agar tidak timbul konflik.
Hormat terhadap diri sendiri bisa diartikan
sebagai kemampuan menjaga diri secara fisik,
mental, intelektual dan spiritual yang
ditunjukkan dalam sikap hati.
Ketidakmampuan menghormati diri sendiri,
besar kemungkinan tidak bisa mengormati
orang lain. Karena itu, menghormati diri
sendiri, tidak diartikan sebagai
menempatkan diri di atas orang lain. Justru
sebaliknya, menghormati diri sendiri itu
diekspresikan dalam bentuk rendah hati.
Adapun rukun terhadap orang lain, lebih
memberikan ruang lebih luas untuk
menghormati orang lain dengan segala
keberadaannya. Tepa slira!
Pertanyaannya adalah, apakah dua hal
tersebut masih ada dalam diri orang Jawa?
Rasanya sangat melemah. Rukun, tidak
mudah lagi ditemukan dalam banyak format
pergaulan. Dalam berbangsa dan bernegara,
di mana kita melihat kerukunan? Hanya pada
saat ada kepentingan yang sangat
mengaitkan. Jika tidak, maka keadaan sudah
berpindah ke suasana kamu dan saya memang
berbeda, termasuk berbeda kepentingan.
Rukun terhadap diri sendiri? Adakah
kemampuan yang kuat pada diri setiap
individu mencoba bertahan dengan kata
hatinya, bukan nafsunya. Korupsi adalah
bentuk paling mencolok dari individu yang
tidak bisa rukun dan hormat terhadap diri
sendiri.
Ketika Jawa sudah tidak lagi punya dua hal
itu, rukun dan hormat, sebenarnya suku ini
sudah habis secara budaya. Peradaban telah
mati. Kini muncul peradaban lain yang
sedang mencari bentuk, yang barangkali
ramuan dari berbagai budaya. Mau berunjuk
rukun adalah sikap hati, sehingga jika yang
ini tidak ada lagi maka orang jawa sudah
kehilangan hatinya? Sama hal ketika orang
Jawa tidak lagi hormat terhadap
keberadaan liyan, maka peradaban itu telah
sirna. Kenapa? Karena, dengan memiliki
sikap hormat terhadap diri sendiri dan orang
lain, maka akan muncul kerukunan.
Solusinya, orang Jawa harus mengenali
kembali keberadaannya, dengan
menempatkan rukun dan hormat itu sebagai
sikap moral. Dua hal ini sebenarnya
merupakan tiang peradaban. Karena itu jika
tidak lagi dimiliki maka Jawa sebenarnya
sudah habis secara budaya. Dan, semua
produk yang masih dinikmati sekarang
adalah produk masa lalu. Orang Jawa
sekarang tidak lagi memiliki peradaban,
apalagi memproduksi kebudayaan. Untuk bisa
memproduksi harus memiliki peradaban.
Lalu harus dimulai dari mana? Ada tiga
ruang besar yang masing-masing bisa
memberikan kontribusi. Ruang pertama, tentu
ruang yang disebut rumah. Prinsip rukun dan
hormat harus mewarnai setiap rumah orang
Jawa. Ada “unggah-ungguh” di masing-
masing posisi, baik sebagai orang tua, anak,
saudara, dan pembantu di dalam rumah.
Sekarang ini, jika Anda mengaku orang Jawa,
masih adakah tata krama yang dijaga penuh
disiplin? Saya tidak yakin itu masih.
Kedua, ruang besar yang disebut sekolah.
Hubungan tradisional antara guru-murid
sama-sama lahir dari peradaban Jawa yang
sudah berubah. Relasi antara mereka sudah
berada di dalam tata krama yang berbeda,
sehingga sudah sangat cair dan egaliter.
Relasi seperti ini tentu belum sepenuhnya
diterima, tetapi juga tidak ditolak.
Barangkali, penerimaan peradaban baru
masih setengah hati dan mencari bentuk.
Ketiga, ruang besar di lingkungan
masyarakat. Perilaku baik yang seperti apa
yang bisa ditimba dari lingkungan
masyarakat sekarang ini. Apakah kita bisa
menimba perilaku yang konon sangat disiplin
dari polisi di jalanan, jaksa dan hakim di
pengadilan? Apakah kita masih bisa menimba
perilaku yang santun dari semua kiai, pendeta
dan guru agama? Ataukah kita masih bisa
menimba pembela kepentingan rakyat dari
para politikus, dan lain-lain?

Miss New Caledonia putrine Pak Darman

Emmanuelle Darman

Iki Miss New Caledonia putrine Pak Darman sing isih keturunan Jawa, yen ora nganggo jeneng Jawa ya ora ngiro yen ketunan Jawa. Masio luwih memper rupa lan dedeg Perancis ning Jarene luwih sreg yen dadi Wong Jawa wae mulane ora gelem ngganti jeneng trah Jawane.

Witono As

Basa Jawa wis sumrambah menyang monco negoro lantaran akehe wong jawa sing dadi imigran krono amergo magawe, kusunyatan kasebut dijelentreh wong jawa sing sumebar ono sing : dadi warga negara Suraname(Amerika Selatan), Caledonia(Perancis), Belanda(Nedherland).Singapura,Malaysia.....Universitas Basa Jawa anane mung ono Belanda (yaiku Universitas Leiden) sing mbabar piwulang Sejarah Jawa,Budaya Jawa lan Basa Jawa. Mulo saumpama kepengin ngerti kawruh Jawa.....yo kudu sinau ono kono, mergo buku babad tanah Jowo asline kuwi ono kono, sing nulis wong Belanda lan sakliyane kuwi ugo ono penulis sing asal Tionghoa(China).